Cerwo (Cerito Jowo)

_Konco_


Dino iki, koyok biasane aku metu, dolan karo konco wedokku. Celuk ae V. Koyok biasane, sak durunge lungo wonge pamitan ro ibuke pas ng toko. Aku krungu de.e pamitan jare ape ng Balaijagong. Nggon seng biasane dinggo nongkrong cah²nom sampek tuo. Nggon kui cedak karo GOR daerah Kudus. 

Pas wayah mangkat, wes ng duwur motor, de.e ngangkon aku tuku bensin disek. Soale bensinku gari sitik. Yo wes lah aku manut ae. Pas tekan ng pom bensin cedak toko, de.e kondo nek ameh bayarke bensinku. Yo jelas lah aku nolak. Aku kondo nek ijeh ono duit ng dompetku. Sebenere aku pengen tuku 20 ewu. Naming, de.e ngakon "Langsung 50 ewu sisan tah". Yo wes, aku langsung jupuk duit 50 ewu ng dompetku. Reaksine de.e, aku lali. Hehe... 

Sak wise kui, aku karo de.e ora langsung jujug Balaijagong. Aku kondo nek aku ape tuku tasbih pesenane tonggoku. Wes tekan ng nggon toko tasbih seng pisanan. Nameng gak ono seng cocok karo titipane tonggoku. Sidane aku ngaleh sampe nganti 3 nggon tak takoni. Jare podo ae ora ono. Aku wes ameh nyerah, naming koncoku kui kondo "Ayo ra, rono sisan". Sidane yo wes aku melu. Pas seng terakhir delalahe aku ntuk opo seng dadi pesenane tonggoku. Langsung tak tuku.

Sak bare kui, aku langsung mangkat ng Balaijagong. Naming pas tekan tengah ndalan, aku mikir ndek mang ibuke koncoku koyok gak penak jawabane pas koncoku pamitan. Piye yo iki? Opo aku kondo ae yo?. Sak wise mikir ngno, aku langsung kondo ng koncoku nek mending kene balek toko ae. Soale aku ngroso gak penak karo ibuke. Sajake nek ono aku kok metu terus. Muleh wengi. De.e langsung nyaut "Yo wes ra, nek ngono balek toko ae gak popo". Padahal de.e muni gak popo. Naming rasane ng ati abot ameh balek toko. Aku ngerti sebenere de.e ki pengen metu, dolan. Naming sayange aku ewuh karo ibuke.

Sidane kene mandeg ng nggon jus cedak Masjid alun" Kudus. Jare de.e aku dikon imaman. Maksute dadi makmum sholat magrib disek. Seng de.e pesen jus. Yo mergo lagi libur. Mulane ora melu sholat.

Sakjane aku ngelak, pengen ngumbe disek. Naming diseneni koncoku. Jare dikon lek ndang sholat disek. Yo wes aku langsung lungo ninggalno de.e karo pak" jus seng suarane serak" becek.

Pas aku lagi tekan parkiran mesjid, lha kok wes komad. Tak kiro ono pujian utowo sholawat disek. Yo aku langsung cepet" wudhu ben ora keri.



Ceritane lanjut pas wes bar sholat. Sholat gak entuk dicritake. Dikiro pamer.



Sak wise sholat, aku langsung marani koncoku kui ng nggon jus seng ndek mang. Naming tak ngeti ono seng berkurang soko de.e. Raine maleh kecut. Rodok males, lesu. Koyok wong seng wes putus asa. Tak takoni neh "ayo nek ng Balaijagong". "Gak usah, balek toko ae. Iki yo ape udan og" de.e muni ngno. Mergo wes grimis, sidane langsung balek tanpo ono debat koyok bisane. 

Ng dalan aku mikir de.e nesu opo ora yo karo aku? Gak sido metu og mergo aku ewuh karo ibuke. Aku takon "Kuwe geno? Ojo nesu tah," "Aku gak nesu karo kuwe og" de.e muni ngno. 

Critane wes tekan toko. Raine de.e tetep ae lesu. Koyok pengen nesu, males, sedih, campur aduk koyok es buah. De.e crito "Kenopo kok gak ngajak-ajak nek lungo? Yo aku sadar nek aku iki wonge ora asyik dijak dolanan. Aku ki menengan". Aku meneng. Gak reti pe muni opo. Aku bingung karo sikape konco² liyane, seng jare ape ngabari nek pas lungo². Naming malah ngno. Omongane gak iso digugu.

Sidane aku bukak storyne konco² seng gambare lagi ng pantai. Mbuh iku kapan aku gak reti. Aku inisiatif takon karo koncoku iku "Iku ndek kapan?" Jawabane koncoku rodok nylekit nek menurutku. Jare "Sangger mangkat" naming kok gak kondo ng aku utowo konco wedokku seng jenenge V. Aku yo rodok mangkel. Soale aku wingi ngomong nek saumpamane lungo² utowo kumpul, tak kon ngabari. Naming malah mengkono nyatane.

Aku mok iso meneng karo jawabi chate koncoku kui. Sebenere sedih, naming tak tahan. Konco opo ngno kui? Jare ape kompak. Ape kondo nek kumpul utowo lungo². Naming kok mengkono dapure. Aku ng kono pasrah. Aku ng kono kondo, nek saumpamane lungo utowo kumpul tak kon ngabari neh. Gakpopo nek dadakan. 

Sak wise aku ngchat koncoku kui, aku ngeti V. De.e sedih, nangis. Naming gak ono suarane. Aku gak iso ngmong opo². Aku mok iso mangkel karo koncoku seng lungo tanpo kondo². V nangis rodok suwe. Podo rasane koyok pas gak dikabari nek ono kumpul ng omahe koncoku seng liyane.

Aku mok iso ngreh-reh ben supoyo V gak nangis neh. Sidane de.e meneng. Koyok biasane, bar nangis jug² guyu² dewe koyok wong stres. Aku reti rasane ditinggalno konco. Gak dikabari koyok ngno kui. Aku reti rasane nganggep wong liyo konco, naming aku koyok gak dianggep konco. Loro. Perih. 

Gang suwe, aku mok meneng"an tok. Gak omong babar blas karo V. Aku bingung. Watir nek aku ngmong de.e tambah serik. Sidane de.e balek sedih neh. Naming kanggo seng iki mok sedelok. Terus jug" de.e kondo "nggo lapo tah ngno iku? Takon². Percuma. Gak bakal dikabari. Aku sadar nek aku gak asyik", de.e muni ngno. Terus aku kondo "Aku lah yo gak pantes dikabari. Aku kan wong aduh. Wong Pati dewe. Gak pas karo arahe wonge lungo. Ng Pati ono opo tah? Yo gak mungkin ape ng pati. Lha wong gak ono opo-opo".

Pas aku ameh muleh, de.e ngkon gowo duite ben tak nggo bensin. Naming aku nolak. Aku kondo nek ijeh ono duit ng dompetku. "Iyo ono, naming sitik" de.e nyaut ngno. Koyok adek karo mase, kene ribut masalah duit kanggo bensin. Wes tak jelaske nek duit maeng soko adek kelase de.e. Tak kon nyelengi ae duite de.e kanggo tumbas hp anyar. "Ijeh suwe" de.e nyaut ngno. "Iyo. Nek gak dinggo jajan ak sedelok" tak bales ngno. Akhire gak sido mergo aku sangking nolake.

Naming pas ameh muleh tenan, aku dikei sangu ibuke kanggo tumbas bensin. Yo langsung tak trimo. Rejeki ora oleh ditolak. Terus aku muleh.



Kanggo koncoku. Nek saumpamane gak iso gawe janji utowo kabotan ngomong iyo. Gak usah muni iyo utowo sak panunggalane. Kuwi bagimu enteng. Naming bagine kene seng ngarep tenan jaluk, kui gak sepele. Kene nganggep kuwe konco. Naming opo kuwe nganngep kene konco?




@25

Komentar