Cerwo (Cerito Jowo)
_Undangan_ Wingi kae aku oleh undangan soko koncoku. Kui undangan nikahan koncoku seng jenenge V. Asale aku kaget. Aku gak reti sopo calone jug² langsung nikah. Yo apek. Gak ono seng jenenge pacar-pacaran seng iso gawe khilaf. Sak wise kui, aku langsung nelpon de.e. Suwe gak diangkat. Nganti aku nelpon ping 3 lagi diangkat. "Cie nikah... Jare biyen gak ono cita² nikah?. Kok ujug² nikah? Kuwe nikah karo sopo kok gak bok kenalke ng aku disek?" Aku muni ngno karo nahan supoyo gak ketok sedih. "Eee... Sok lak reti dewe." De.e muni ngno karo logat lan nada koyok biasane seng rodok cuek. "Ojo lali moro bareng konco² liyane." Sambunge de.e. "Iyo. Insyaallah" Tak jawab ngno. Abot rasane oleh undangan soko konco seng gawe kuwe nyaman sampek duwe roso sayang. Naming piye neh? Aku mok iso doake kuwe lancar nganti tekan dino mantenan. @25